ATUR PAMBAGYAHARJA

ATUR PAMBAGYAHARJA

Assalamu’alaikum wr. Wb.
Dhatengipun bapak kepala sekolah  lan para tamu undangan. Langkung rumiyin mangga kita tansah ngaturangken raos dhateng ngarsanipun allah SWT ingkang sampun paring kula lan panjenengan nikmat, hidayah sarto inayah ipun datheng kula lan panjenengan sahinggo saged makempal manunggal  ingkeng sak perlu sumpah pemuda. Shalawat saha salam mugi katetepna dhateng ngarsanipun kanjeng nabi muhamad SAW, lumeberipun datheng garwo putro sohabat lan mugi kula lan panjenengan sami selaku penderek ipun tansah pikantuk safa’at ipun ing yaumul kiyamah sak mangke amin
Sakderengipun kulo nyuwun pangapunten mbok bilih  kulo sampun wantun cumantoko ing ngajeng panjenengan sami, ingkang sak perlu ngaturaken  pambagyoharjo datheng panjenengan sami lan mbok bilih sak mangke anggen kulo matur katah kalepatan kulo nyuwun pangapunten.
Ingkang sepindah kula lan panjenengan ngaturaken sugeng rawuh datheng ngrasanipun poro tamu sekalian
Ingkang angko kaleh kula lan panjenengan ngaturaken agunging panuwun datheng ngrassanipun poro tamu ingkang sampun kerso anindaki ingkang dados kersanipun poro panityo ingkang sak perlu pengetan wontenipun sumpah pemuda.
Ingkang kaping  tiga mbok  bilih anggen kula lan panjenengan nanggapi, caos papan pilenggahan saha sak sedayanipun kirang nuju prana dhateng para tamu sekalian estu kula nyuwun anggunging pangapunten.
Mbok bilih mekaten wonten klenta-klentunipun anggen kula matur estu kula sanget nyuwun agunging pangapunten.
Assalamu’alaikum wr.wb

0 komentar:

Posting Komentar

Entri Populer